WANODYA 2018
Ora perlu di- “eling-eling ngendi panggonmu.” Merga apa? Merga, “pinginku mung terus bisa mlaku/Saya adoh” supaya “aja nganti ketemu/karo sliramu” (gurit: “Gurit Lunga”). Puncake, “ora usah digoleki/sesuk aku pamit” (Sulis Bambang, gurit: “Gurit Grontol”).
Cuplikan-cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen saweneh guritan kang kaimpun ing kumpulan iki trep karo irah-irahan Wanodya 2018. Tegese, para wanita penggurit kang bisa uga disebut “wanita know/milenial” pancen beda yen katandhing klawan citrane kang wis dadi "common sense".
Mula saka iku, lumrah wae menawa sedulur Yacinta Kusdaryumi Kurniasih muwus: “Mbakyu,/wulan April dina selikur/Jepara wara-wara ngabarke lairmu/ana donyane wong lanang......"
( Cuplikan pengantar Prof Dr Suminto A Sayuti Guru Besar FBS Univ Negeri Yogyakarta )
Yen pancen kepingin ngerti bacute, utawa kepingin mirengke geguritane para Wanodya jaman milenial, monggo pinarak: Tanggal 21 April 2018, mulai tabuh 10.00 , Vina House, Semarang.

No comments:
Post a Comment